Ing babagan lelaku tumrape Wong Jawa maneka warna wernane. Ana
sing diarani pasa, pasa Senen Kemis, ngrowot, nrancam, nganyep, mutih, ngebleng,
pati geni, lan sapanunggalane. Ngenani lelaku pasa, wis wiwit jaman ja mbejuja
wong Jawa wis nindakake. Ing kono ana sing njarwaake manawa pasa ngemu surasa
ngepose rasa, kang tegese meper hawa angkara, murka, jahil, drengki, srei, lan
sapanunggalane. Kena diarani menawa pasa mono ora mung ateges ora mangan lan ora
ngombe klebu ora ngrokok, nanging kudu bisa ngendhalekake hawa napsu ing
samubarang reh.
Ana kang merdeni menawa sayektine nglakoni pasa becik
katindakake ing saben dinane, ngemu surasa menawa ing saben dinane wong kudu
bisa meper hawa napsu angkara, murka, jahil, drengki, srei, lan sapanunggalane,
kang bisa riningkes kanthi tetembungan kudu tumindak bener becik. Kaya tanpa
guna utawa ora ana pikolehe menawa tumindak bener becik kok mung sesasi
nalikane tumapak sasi Pasa nanging sing sewelas sasi ora becik tumindake.
Wondene pasa ing sasi Pasa mono kena diibaratake kanggo nyupeketake pasrawungan
ing bebrayan agung utawa ing basa kang luwih moncer katembungake “ rasa
kebersamaan.” Luwih-luwih sawise pasa anjok ing dina kang sinebut Bakdo utawa Lebaran
kang ateges rampung, ing kono gegayutane rampung saka anggone lelaku pasa. Ing
dina Bakdo utawa Lebaran kang uga ingaran Riyaya kang mengku teges dina
kang agung utawa ing basa Melayu katembungake Hari Raya. Ing dina kang
mirunggan iku padha sanjan sinanjan sing rumangsa enom sowan marang sing luwih
tuwa kanthi nganggo klambi anyar pinangka pralambang menawa sawise lelaku pasa
jiwa ragane kaya dene ngrasuk ing panguripan anyar kang sarwa resik.
Ora katalumpen ing pungkasane sasi Ruwah utawa sadurunge
ngancik sasi Pasa wong Jawa merlokake ngresiki kuburane kulawarga kang wus
tinimbalan ing pangayunane Gusti Kang Murbeng Dumadi lan njurung pandonga
mugiya arwahe tinampa becik dening Kang Murbeng Rat, tinampoa sakabehing
tumindak becik nalikane isih urip ing alam donya, semono uga supaya Gusti Allah
paring paring pangapura marang sakabehing kaluputan lan kakurangan kang
sinandhang. Adat lupiya kang wus katindakake turun tumurun kaya mengkono mau sinebut
“ besik.”
Kaya mangkono mau crita sapala saka penulis kanthi
adhedhasar apa kang linakonan lan seserepan kang bebasan mung salugute kolang kaling
nanging paripaksa crita bot-abote rasa pingin melu nyengkuyung nglestarekake
budaya leluhur. Ing pungkasane atur kanthi nglenggana ing kacublukane penulis
nyuwun agunge samodra pangaksama manawa ana atur kang kurang nuju prana.
+ komentar + 2 komentar
Sae Mbah.. Nderek nyimak wedar sabdonipun
Salam Rahayu Sagung Dumadi 🙏🙏🙏, Kulo jati putra papa Suwarno Magetan, saya belajar kaweruh sedulur sejati dari bapak saya sejak saya kelas 4sd, dan pada aq kecil sering di ajak ke rumah Romo Abu Ali di Pandaan, dan waktu itu saya hanya ketemu Bu listika istri Romo, Alhamdulillah saya masih bisa menemukan saudara ulang kaweruh sedulur sejati papa saya lewat blog ini, Mugi bopo sakeluarga pinaringan sehat selalu Kalis ing sambikolo🙏🙏🙏
Posting Komentar