Nindakake Lelaku Pasa Ing Sasi Pasa Tahun 1952 PenanggalanJawa



Ing babagan lelaku tumrape Wong Jawa maneka warna wernane. Ana sing diarani pasa, pasa Senen Kemis, ngrowot, nrancam, nganyep, mutih, ngebleng, pati geni, lan sapanunggalane. Ngenani lelaku pasa, wis wiwit jaman ja mbejuja wong Jawa wis nindakake. Ing kono ana sing njarwaake manawa pasa ngemu surasa ngepose rasa, kang tegese meper hawa angkara, murka, jahil, drengki, srei, lan sapanunggalane. Kena diarani menawa pasa mono ora mung ateges ora mangan lan ora ngombe klebu ora ngrokok, nanging kudu bisa ngendhalekake hawa napsu ing samubarang reh.
Ana kang merdeni menawa sayektine nglakoni pasa becik katindakake ing saben dinane, ngemu surasa menawa ing saben dinane wong kudu bisa meper hawa napsu angkara, murka, jahil, drengki, srei, lan sapanunggalane, kang bisa riningkes kanthi tetembungan kudu tumindak bener becik. Kaya tanpa guna utawa ora ana pikolehe menawa tumindak bener becik kok mung sesasi nalikane tumapak sasi Pasa nanging sing sewelas sasi ora becik tumindake. Wondene pasa ing sasi Pasa mono kena diibaratake kanggo nyupeketake pasrawungan ing bebrayan agung utawa ing basa kang luwih moncer katembungake “ rasa kebersamaan.” Luwih-luwih sawise pasa anjok ing dina kang sinebut Bakdo utawa Lebaran kang ateges rampung, ing kono gegayutane rampung saka anggone lelaku pasa. Ing dina Bakdo utawa Lebaran kang uga ingaran Riyaya kang mengku teges dina kang  agung utawa ing basa Melayu  katembungake Hari Raya. Ing dina kang mirunggan iku padha sanjan sinanjan sing rumangsa enom sowan marang sing luwih tuwa kanthi nganggo klambi anyar pinangka pralambang menawa sawise lelaku pasa jiwa ragane kaya dene ngrasuk ing panguripan anyar kang sarwa resik.
Ora katalumpen ing pungkasane sasi Ruwah utawa sadurunge ngancik sasi Pasa wong Jawa merlokake ngresiki kuburane kulawarga kang wus tinimbalan ing pangayunane Gusti Kang Murbeng Dumadi lan njurung pandonga mugiya arwahe tinampa becik dening Kang Murbeng Rat, tinampoa sakabehing tumindak becik nalikane isih urip ing alam donya, semono uga supaya Gusti Allah paring paring pangapura marang sakabehing kaluputan lan kakurangan kang sinandhang. Adat lupiya kang wus katindakake turun tumurun kaya mengkono mau sinebut “ besik.”
Kaya mangkono mau crita sapala saka penulis kanthi adhedhasar apa kang linakonan lan seserepan kang bebasan mung salugute kolang kaling nanging paripaksa crita bot-abote rasa pingin melu nyengkuyung nglestarekake budaya leluhur. Ing pungkasane atur kanthi nglenggana ing kacublukane penulis nyuwun agunge samodra pangaksama manawa ana atur kang kurang nuju prana.


Related product you might see:

Share this product :

+ komentar + 2 komentar

10 Juli 2021 pukul 04.02

Sae Mbah.. Nderek nyimak wedar sabdonipun

23 Juli 2021 pukul 04.05

Salam Rahayu Sagung Dumadi 🙏🙏🙏, Kulo jati putra papa Suwarno Magetan, saya belajar kaweruh sedulur sejati dari bapak saya sejak saya kelas 4sd, dan pada aq kecil sering di ajak ke rumah Romo Abu Ali di Pandaan, dan waktu itu saya hanya ketemu Bu listika istri Romo, Alhamdulillah saya masih bisa menemukan saudara ulang kaweruh sedulur sejati papa saya lewat blog ini, Mugi bopo sakeluarga pinaringan sehat selalu Kalis ing sambikolo🙏🙏🙏

Posting Komentar

 
Dewan Pengurus Daerah Kabupaten Ngawi Kawruh Sedulur Sejati. Alamat Jl. Barnadib Gg. mayang 2 No. 26, Kelurahan Margomulyo, Kabupaten Ngawi. Telp. 08125907147
Support : DPD Kabupaten Ngawi "KAWRUH SEDULUR SEJATI
Copyright © 2014. Kawruh Sedulur Sejati Ngawi
Template Edited by Kawruh Sedulur Sejati Ngawi
Telp/Message : 08125907147 | 081249410099